Ritual haji, rukun Islam sing pungkasan.



Kaji kuwi rukun (cagak agama) Islam sing kalima sawisé syahadat, shalat, zakat lan pasa. Nglakoni ibadah kaji minangka wujud ritual taunan kang dilakoni kaum muslim sadonya kang kuwawa (materi, fisik, lan ngèlmuné) kanthi teka lan nglakoni sawetara kagiatan ing sawetara panggonan suci ing Arab Saudi ana ing wektu kang dikenal minangka musim kaji (bulan Dzulhijjah). Bab iki béda karo ibadah umrah kang bisa dilaksanakaké sawektu-wektu. Kagiatan inti ibadah kaji diwiwiti tanggal 8 Dzulhijjah nalika umat Islam nginep ing Mina, wukuf ing Padang Arafah tanggal 9 Dzulhijjah, lan mungkasi sawisé mbalang jumrah (watu simbol sétan) ing tanggal 10 Dzulhijjah. Masyarakat Indonesia biasa nyebut dina riyaya Idul Adha minangka Dina riyaya kaji amarga bebarengan karo perayaan ibadah kaji.

Waos salajengipun..

Artikel pilihan sanèsipun...

No Response to "Ritual haji, rukun Islam sing pungkasan."

Posting Komentar

powered by Blogger | WordPress by Newwpthemes